Alam sawegung
GeguritanGeguritan iku puisi Jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, kan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa-biasa wae.
A. Maca lan nanggapi isine teks geguritan sarta niteni perangan-perangane
Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki.
a. Maca kanthi premati, yen prelu dibolan-baleni.
b. Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur
menehi tandha ngaso (/) utawa sigeg (//).
c. Golekana tegese tembung-tembung kang angel
utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang.
d. Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake
dening panggurite.
e. Tambahana tembung utawa wanda saengga
ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe.
Menawa cara-cara kasebut wis kolakoni, mesthi bisa kotemokake isine geguritan. Kanthi mentes, apik, endah, mengkono, para siswa banjur bisa menehi panemu. Panemu iku bisa setuju (sarujuk), bisa ora setuju, bisa nyengkuyung, lan bisa menehi panemu kang sipate kosok Balen (berlawanan) .
Tuladhane geguritan :
Apa Bedane
dening Sudi Yatmono
Apa bedane prosa karo puisi
bedane ana ati
apa bedane ati karo gori
bedane mung prakara bumbune
bedane apa bumbune karo sing dibumboni
bedane rak mung ana ing wadhah
apa bedane wadhah karo seng diwadhahi
kuwi rak mung akal Pokal gaweane manungsa
lha apa bedane manungsa karo kewan
ah iku urusane Pangeran
(Mbangun Tuwuh, angka 138)
Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan. Ana kang nggambarake rasa bungah, rasa sedhih, nggrantes utawa malah nggambarake rasa Serik kang kepati-pati marang kahanan. Mula saka iku, lumantar geguritan pamaca bisa nemokake tuntunan kang gegayutan karo kahanan.
C. Nulis geguritan nggunakake ragam basa kang jumbuh utawa cocog karo konteks lan pranatan utawa aturan
Kaya kacetha ing ngarep menawa nulis geguritan iku merdika. Supaya ana gondhelan, prelu kogatekake bab-bab kaya mengkene.
a. Ora kaiket dening aturan utawa pranatan guru
gatra, guru wilangan, guru lagu, lan sapanunggale.
b. Ngutamakke isi kang mentes, apik, endah, lan becik.
c. Bisa nggunakake lelewane basa (purwakanthi,
baliswara, saroja, entar, lan sapanunggale).
d. Isine bisa pitutur, piweling, kritik, protes, nyindir,
nggresah, pamundhut, kan sapanunggale.
Sumber : Suyitno - L. Yuyun Dian Susanti - Irawan H.G.
Buku : Gegaran Nyinau Basa Jawa 3
Kelas : XII SMA/SMK/MA
Penerbit : Yudhistira
Lanjutkan mbak
BalasHapusMantull
BalasHapusoptimis nilai A semua
BalasHapuscumlaude